Wong Jowo Ilang Jowone ~ Putra Gantiwarno
Selamat datang, terima kasih atas kunjungannya. Salam perdamaian

Wong Jowo Ilang Jowone

OPO bener wong Jawa iku ono sing ilang Jawane? Ilang Jawane tegese ilang sifat-sifat lan kepribadian kejawanane. Yen wis ilang Jawane koyo-koyo yo wis dudu wong Jawa maneh. Banjur wong Jawa iku dadi wong sing koyo opo? Wong Jawa diarani Jawa amarga nduweni sifat lan ciri-ciri tertentu. Umpamane: wong Jawa iku basa ibune basa Jawa, kesenian, tradisi lan kabudayane Jawa. Lha nek wis ora bisa boso Jawa, ora ngerti tradisi lan kesenian Jawa, ora tepung karo kabudayan Jawa, “gaya hidup”-e wis ora koyo saklumrahe wong Jawa, opo yo isih iso diarani wong Jawa?

Rehne anak-putune wong Jawa, mesthine ya tetep wong Jawa. Sifat-sifat kang tumurun marang anak-putu bisa dibedakake dadi rong werno, yaiku warisan biologis lan warisan sosial utowo kabudayan. Satemene sing bisa diwariske langsung iku ya mung warisan biologis. Rehne turune wong Jawa ya nduweni sifat fisik lan biologis kadideme wong Jawa, umpamane: kulite sawo mateng, rambute ireng lurus, irunge rodok pesek, lan liya-liyane. Dene warisan sosial iku warisan sing iso diwarisi sarono sinau utowo liwat sosialisasi. Tanpo sinau utowo srawung karo padha-padha wong Jawa, ya ora iso boso Jawa, ora tepung karo kesenian Jawa.

Warisan biologis iku wis kunandhut ono gen utawa bibite. Rehne bibite wong Jawa, ya marisi sifat fisik lan potensi-potensi mental Jawa. Wong Jawa sing digulamenthah lan digedhekake ing kulawarga manca mung oleh warisan biologis, ora oleh warisan sosial.

Lha gambarane wong Jawa sing wis ilang Jawane iku ya sing kaya ngono mau. Nanging keh-kehane wong Jawa sing urip ing satengahe bangsa lan kabudayaan liya, ya isih padha ngleluri kabudayane leluhure, upamane wong Jawa kang dedunung ono Suriname, wong Jawa sing daerah-daerah transmigrasi ning luwar Jawa.

Boso lan kabudayaan Jawa iku tansah ngremboko lan owah-gingsir nuting jaman kelakone. Kabudayaan Jawa iku perlu diuri-uri supaya lestari lan isih tetep dadi warisan kanggo anak-putu, mung bae kabudayaan mau besuke mesthi wis bedo karo kabudayaan Jawa saiki, nanging ora ateges menawa wong Jawa banjur ilang Jawane. Ya mung “Jawane” wong Jawa besuk mbok menowo wis beda karo “jawane” wong Jawa saiki.

Pancen ono wae wong Jawa sing ora njawani, sauger wong Jawa iku isih ana, kajawaane mbokmenowo uga tetep isih ana, Dadi, tetembungan “wong Jowo ilang Jawane” ora bisa disurasa kanthi wantah wae. Sing genah kawibawane wong Jawa iku owah-gingsir nuting jaman kelakone. Pamiara lan panguri-uri iku perlu, nurih kajawaan mau ora adoh mlencenge. (Dening Soedjarwo)

Share

Twitter Delicious Facebook Digg Stumbleupon Favorites More